#floating_image { position:fixed;_position:absolute;bottom:0px; left:0px; clip:inherit; _top:expression(document.documentElement.scrollTop+ document.documentElement.clientHeight-this.clientHeight); _left:expression(document.documentElement.scrollLeft+ document.documentElement.clientWidth - offsetWidth); }

Kamis, 18 Desember 2008

KiaT NoLak karYawan coRo SuroboYoan

Ni sKedar guyonan

tp g tw Lg pRnah kJadian hehehehehe

BWt orang JaWa niiiiihhhh...guyononane..
Bs DbWt RefErensi BwT HRD2 perusahaan yg mw bkin ULAh
hehehehehhehehe


G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
A : Dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
A : Lho kok ngaten........?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang
perusahaan.
A : Ah.. mboten, kok. Sak janipun tiyang sepuh
kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
A : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrong
nongkrong ae.

---

G : Kowe nduwe motor opo ora....?
B : Mboten.
G : Ora ketompo
B : Lho kok mboten ketampi?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
B : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung,
gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo....
B : Lho kok ngoten...?
G : Tempat parkire wis ra cukup.

---

G : Kow� wis lulus sarjana tenan.....?
C : Sampun, Pak....
G : Ora ketompo, k�n� iki gol�k sing SMA a�,
luwih
manutan lan b�n mbayar� murah
C : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo.....
C : Lho, kados pundi, tho....?
G : Mengko kow� kerjo mung ngetik skripsi, l�k
wis lulus mesti gol�k kerjo neng perusahaan
liyo.

---

G : Kow� seneng guyon opo ora?
D : Mboten pak, kulo serius y�n nyambut damel.
G: Ra ketompo.....
D : Waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho
stress.
D : Sak jan� nggih sekedhik sekedhik seneng
guyon.
G: Malah ora ketompo.
D : Lho kok......
G: Engko kow� mung email emailan sing
lucu.......

---

G : Kow� mau mr�n� numpak opo?
E : Nitih mobil
G : Kow� ora ketompo
E : Sebabipun?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kow�
njaluk mundhak bayar terus
E : Wo, kulo wau namung mbonc�ng, kok
G : Tambah ora ketompo
E : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gaw�n� mbonc�ng mobil kantor.
Ngrusuhi !

---

G : Anakmu ak�h opo sithik?
F: Kathah pak
G : Kow� ora ketompo
F : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe
uanaaaaaak terus
F : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
F : Lho, lha kok ... ?
G : Gaw� anak wa� aras2en, opo man�h nyambut
gaw�

---

G : Kow� wis ngerti gaw�yanmu durung ?
H : D�r�ng
G : Kow� ora ketompo
H : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gaw� kok ora ngerti gaweyan�?
H : Oo, n�k damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
H : Lho, lha kok ... ?
G : Kow� rak mung arep keminter, to ?

---

G : Kowe ngerti kahanan kantor k �n� durung
K : D�r�ng
G : Kow� ora ketompo
K : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gaw � kok ora ngerti kantor�?
K : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
K : Lho, lha kok ... ?
G : Kow� senengan� ngudhal-udhal wewadi kantor, to?

---

G : Kow� kerep loro ?
M : Mboten
G : Kow� ora ketompo
M : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
M : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
M : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

---

G : Kow� biso main Intern�t?
N : mBoten
G : Kow� ora ketompo
N : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta
Internet)
N : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
N : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gaw�, kak�han
dolanan Internet, to? Ngent�k-entekk� pulsa !

---

G : Kowe waras opo ora?
O : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo.......
O : Kenging nopo .....?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
O : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo
edan.
G : Malah ra ketompo......
O : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan..........


Tidak ada komentar:

Posting Komentar